Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Rangkuman Bahasa Jawa Kelas 4 semester 1 Piwulang 2 Teks Pacelathon ~ sekolahmuonline.com

Rangkuman Bahasa Jawa Kelas 4 semester 1 Piwulang 2 Teks Pacelathon ~ sekolahmuonline.com. Pembaca Sekolahmuonline, berikut ini Sekolahmuonline sajikan Rangkuman atau Ringkasan mata pelajaran Bahasa Jawa kelas 4 SD/MI Piwulang 2 Teks Pacelathon yang merupakan materi Bahasa Jawa semester 1 (semester ganjil). Silahkan dibacakan untuk putra-putri atau adik-adik Anda, semoga bermanfaat buat belajar.
Rangkuman Bahasa Jawa Kelas IV semester 1 Piwulang 2 Teks Pacelathon
Rangkuman Bahasa Jawa Kelas IV Bab 2 Teks Pacelathon

Rangkuman Bahasa Jawa Kelas 4 Bab 2 Teks Pacelathon

• Pacelathon tegese padha karo percakapan utawa dialog ing Basa Indonesia.
Pacelathon tegese rembugan antarane wong loro utawa luwih ngenani sawenehing bab. Wong Jawa yen pacelathon diatur dening tata krama sing diarani unggah-ungguh basa. Kanthi unggah-ungguh basa kang trep, kita bisa ngajeni lan nresnani marang wong liya sing diajak guneman. Yen sing dijak guneman wong sing luwih tuwa, kita bakal
ngajeni kanthi nggunakake basa krama. Suwalike, yen sing dijak guneman luwih enom, minangka tandha tresna asih kita nggunakake basa ngoko.

• Teks pacelathon iku duwe titikan:
- katulis kanthi wujud dhialog (imbal wacana)
- nggunakake ukara kandha
- isine pangajak lan panerang
- cacahing paraga loro utawa luwih
- nggunakake ukara cekak aos.

• Sajerone pacelathon, kita guneman kudu nganggo tatakrama sing diarani unggah-ungguh basa.
Unggah- ungguh yaiku sopan-santun, tata susila, tata pranatane basa sing tujuane kanggo ngajeni wong liya.
Unggah-ungguh basa bisa nuduhake kapribadene masyarakat Jawa. Yen unggah-ungguh basane trep ateges pribadine luhur, kosok baline yen
unggah-ungguh basane ala, ateges pribadine asor. 

• Miturut unggah-ungguh utawa undha usuk, Basa Jawa kaperang dadi loro, yaiku Basa Ngoko lan Basa Krama. Basa Ngoko kaperang dadi Ngoko Lugu lan Ngoko Alus, dene Basa Krama kaperang dadi Krama Lugu lan Krama Alus.

• Basa Ngoko dan Basa Krama
1. Basa Ngoko, kaperang dadi:
a. Ngoko Lugu
Yaiku basa Jawa sing kadadean saka tembung-tembung ngoko kabeh tanpa kecampuran tembung krama apadene krama inggil.
Ngoko lugu digunakake :
(1) Kanca sing wis rumaket
(2) Wong tuwa marang bocah enom
(3) Pawongan kang lagi ngunandhika
Tuladha:
- Aku lagi wae mulih saka Jakarta.
- Kowe apa wis mangan?

b. Ngoko Alus
Yaiku basa Jawa sing ukarane kacampur antarane tembung ngoko lan krama.
Ngoko alus digunakake:
(1) Kanca padha kanca kang wis akrab nanging luwih ngajeni.
(2) Ibu marang bapak.
(3) Adhi marang kangmas utawa mbakyu.
(4) Wong tuwa marang wong enom, nanging pangkate luwih dhuwur.
Tuladha:
Mas Ali sesuk dakaturi tindak Jakarta.
Pak Bupati isih gerah.

2. Basa Krama, kaperang dadi:
a. Krama Lugu
Yaiku basa Jawa sing kadadean saka tembung krama.
Krama lugu digunakake:
(1) Wong kang durung akrab utawa durung kulina.
(2) Wong sing luwih dhuwur drajate marang wong sing luwih tuwa.
Tuladha:
Pak Bayu ngertos panggenane Walanda.

b. Krama Alus
Yaiku basa Jawa sing kadadean saka basa krama lugu lanbtembung krama inggil.
Krama alus digunakake:
(1) Marang wong kang diajeni banget.
(2) Abdi marang bendara.
Tuladha:
Bapak Bupati taksih gerah.

• Saliyane unggah-ungguh basa, isih ana maneh tatakrama sing kudu diugemi sajeroning pacelathon, yaiku sing diarani subasita. Bedane, yen unggah-ungguh basa mujudake tatakrama ing bab guneman, nanging subasita mujudake tatakrama ing bab solah bawa (tingkah laku).
Sajerone pacelathon, wong Jawa biasa nuduhake subasita, yaiku;
1) sadurunge pacelathon ngaturake ndhingkluk minangka tandha pakurmatan,
2) polatan (ekspresi) tansah sumeh,
3) tangane ngapurancang (ditangkepake ing ngarep) kajaba yen nuduhake samubarang,
4) madhep ora tolah-toleh lan ora nyawang pasuryane wong sepuh sing diajak guneman,
5) ora disambi karo ngemut utawa ngemil panganan.

• Trap-trapan nyusun teks pacelathon, yaiku:
1. Nemtokake tema
Manawa tema “Gemi Nggunakake Energi” krasa kejembaren, tema bisa kaciutake dadi anak tema, tuladhane:
a. Ngirit setrum setrika listrik.
b. Ngirit setrum mesin cuci.
c. Ngirit setrum lampu.
2. Golek informasi babagan sing ana sambung rapete karo tema sing dipilih (sumber informasi bisa digoleki saka buku, koran, majalah, utawa internet).
3. Nemtokake cacahe pawongan sing melu omong-omongan ing pacelathon.
4. Ngrembakakake tema sing dipilih dadi ukara
5. Nyusun teks pacelathon kanthi nggunakake tata tulis sing pener lan bener.

Nalika nyusun teks pacelathon, ana bab sing kudu dadi kawigaten, yaiku ukara sing digunakake kudu saur-sauran (gentenan ngomong). Teks pacelathon kerep nggunakake tembung pitakon apa, sapa, kepriye, ing ngendi, lan kapan.

• Nalika maragakake teks pacelathon, pocapan kudu jelas, intonasi kudu pas, polatan lan gestur kudu jumbuh karo isine pacelathon.
Jlentrehe mangkene:
1. Pocapan
a. Swara jejeg lan swara miring kanthi pener lan bener.
1) Bisa ngucapake swara a jejeg kaya ing tembung dawa, bata, lan sanga. Semono uga kudu bisa ngucapake swara a miring kaya ing tembung jajan, nanas, lan enak.
2) Bisa ngucapake swara i jejeg kaya ing tembung iki, pari, lan sapi. Semono uga kudu bisa ngucapake swara i miring kaya ing tembung pitik, benjing, lan ing.
3) Bisa ngucapake swara u jejeg kaya ing tembung ibu, aku, lan sapu. Semono uga kudu bisa ngucapake swara u miring kaya ing tembung kasur, sarung, lan warung.
4) Bisa ngucapake swara e jejeg kaya ing tembung sate, kare, lan tape. Semono uga kudu bisa ngucapake swara e miring kaya ing tembung pelem, kalem, lan elek.
5) bisa ngucapake swara o jejeg kaya ing tembung ora, soto, lan bakso. Semono uga kudu bisa ngucapake swara o miring kaya ing tembung kodhok, ngorok, lan kelompok.
b. Swara aksara t, th, d, lan dh kanthi pener lan bener.
1) Bisa ngucapake aksara t kanthi nggathukake pucuk ilat ketemu pucuk untu, tuladhane untu, tomat lan tindak. Semono uga kudu bisa ngucapake Aksara th diucapake kanthi nggathukake pucuk ilat ketemu langitlangit ing alat ucap, tuladhane bathuk, kathok , lan manthuk.
2) Bisa ngucapake aksara d kanthi nggathukake pucuk ilat ketemu pucuk untu, tuladhane kudu, duren, lan dudu.
Semono uga kudu bisa ngucapake Aksara dh diucapake kanthi nggathukake pucuk ilat ketemu langit-langit ing alat ucap, tuladhane dhahar, sadhuk, lan dhukun.

2. Intonasi
Intonasi ateges wiramane ukara, yaiku rendhet-cepete lan agalaluse pocapane paraga nalika nuturake tembung lan ukara sajerone pacelathon.

3. Polatan
Polatan yaiku owah-owahane praupan kanggo ngatonake rasane batin. Paraga kudu ngatonake praupan jumbuh karo isine teks pacelathon.

4.Gestur
Gestur mujudake solah bawa utawa tingkah polahe paraga jumbuh karo isine teks pacelathon.

Demikian postingan Sekolahmuonline yang menyajikan Rangkuman Bahasa Jawa Kelas IV Bab 2 Teks Pacelathon. Semoga bermanfaat. Silakan baca-baca postingan Sekolahmuonline yang lainnya. 

Baca juga:

Posting Komentar untuk "Rangkuman Bahasa Jawa Kelas 4 semester 1 Piwulang 2 Teks Pacelathon ~ sekolahmuonline.com"

close