Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Soal Pilihan Ganda Bahasa Jawa Kelas 4 Bab 1 Guyub Rukun [Piwulang 1 Teks Geguritan] + Kunci Jawabannya ~ sekolahmuonline.com

Soal Pilihan Ganda Bahasa Jawa Kelas 4 Bab 1 Guyub Rukun [Piwulang 1 Teks Geguritan] + Kunci Jawabannya ~ sekolahmuonline.com. Pembaca Sekolahmuonline, berikut ini Sekolahmuonline sajikan contoh soal Bahas Jawa kelas IV SD/MI lengkap dengan kunci jawaban dan pembahasannya. Pada postingan kali ini Sekolahmuonline akan membahas soal-soal Bahasa Jawa kelas 4 Bab 1 Guyub Rukun yang berisi pembahasan tentang Teks Geguritan. 
Soal Bahasa Jawa Kelas IV Bab 1 Guyub Rukun [Piwulang 1 Teks Geguritan] lengkap dengan Kunci Jawabannya
Soal Bahasa Jawa Kelas IV Bab 1 Guyub Rukun [Piwulang 1 Teks Geguritan] lengkap dengan Kunci Jawabannya

Sebelumnya Sekolahmuonline sudah menyajikan rangkuman Bahasa Jawa kelas 4 semester 1 Piwulang 1 Teks Geguritan. Bagi pembaca yang membutuhkannya, silakan buka postingan Sekolahmuonline yang berjudul:

Contoh Soal Pilihan Ganda Bahasa Jawa Kelas 4 Bab 1 Guyub Rukun [Piwulang 1 Teks Geguritan]

Pitakon ing ngisor iki wangsulana sing patitis, kanthi milih siji wangsulan sing paling bener!

1. Guyub tegese ....
a. gregeten mulane ora tumindak
b. greget tumindak bebarengan
c. urip sing selaras
d. urip ngedohi pasulayan

Kunci Jawaban: b. greget tumindak bebarengan
Pembahasan:
Guyub yaiku greget (semangat) tumindak bebarengan

2. Rukun aggawe santosa, crah agawe bubrah. Tegese ....
a. Cecongkrahan ndadekake kuwat, nanging rukun ndadekake korat-karit.
b. Rukun kadhang-kadhang ndadekake kuwat utawa koratkarit.
c. Cecongkrahan kadhang-kadhang ndadekake kuwat utawa korat-karit.
d. Rukun ndadekake kuwat, nanging cecongkrahan ndadekake korat-karit.

Kunci Jawaban: d. Rukun ndadekake kuwat, nanging cecongkrahan ndadekake korat-karit
Pembahasan:
Crah agawe bubrah, rukun agawe santosa, guyub rukun kaya sapu sada

Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah. Teggese: rukun ndadekake kuwat, cecongkrahan ndadekake bubrah. Paribasan iki mujudake salah sawijining piwulang kang tansah digondheli dening wong Jawa sing kepengin urip guyub rukun lan ayem tentrem ing masyarakat. Paribasan iki nuduhake yen wong Jawa ora seneng pasulayan utawa tukarpadu. Pasulayan ora ana gunane, jalaran sakabehe prekara bisa dirampungi kanthi musyawarah.

3. Geguritan, yaiku: ....
a. Puisi basa Jawa gagrag lawas (kuna) kang ora kaiket dening paugeran (aturan) sing gumathok.
b. Puisi basa Jawa gagrag anyar (modern) kang ora kaiket dening paugeran (aturan) sing gumathok.
c. Puisi basa Jawa gagrag anyar (modern) kang kaiket dening paugeran (aturan) sing gumathok.
d. Puisi basa Jawa gagrag lawas (kuna) kang kaiket dening paugeran (aturan) sing gumathok.

Kunci Jawaban: b. Puisi basa Jawa gagrag anyar (modern) kang ora kaiket dening paugeran (aturan) sing gumathok
Pembahasan:
Geguritan, yaiku puisi basa Jawa gagrag anyar (modern) kang ora kaiket dening paugeran (aturan) sing gumathok. Bebas jumlah larik ing saben pada (bait), bebas jumlahe pada, lan bebas pilihan tembung kang digunakake. Sing penting, isine mentes lan pantes.

4. Tema karangan, yaiku ....
a. gagasan pokok sing arep diwadhahi sajerone tulisan
b. gagasan tambahan sing arep diwadhahi sajerone tulisan
c. gagasan tambahan sing diandharake sajerone tulisan
d. gagasan pokok sing arep diandharake sajerone tulisan

Kunci Jawaban: d. gagasan pokok sing arep diandharake sajerone tulisan
Pembahasan:
Nalika penulis utawa penggurit ngarang teks geguritan, penulis miwiti kanthi netepake tema karangan, yaiku gagasan pokok sing arep diandharake sajerone tulisan.
Sabanjure, tema iku nduweni mupangat dadi wadhahe karangan. Tegese, karangan ora oleh metu utawa mlenceng saka tema (wadhah) sing wis ditetepake.

5. Pamilihe tembung sing pantes lan mentes ndadekake geguritan dadi ....
a. alus lan nrenyuhake
b. endah lan aji
c. kasar lan mangkelake
d. suci lan nyenengake

Kunci Jawaban: b. endah lan aji
Pembahasan:
Pilihan tembung uga diarani dhiksi. Kanggo ngasilake geguritan kang trep, pengarang mesthi mikirake pilihan tembung kang mathuk. Tembung-tembung sing digunakake ana sing duwe teges lugu utawa apa anane (denotatif) lan ana sing duwe teges entar utawa ora sabenere (konotatif). Pamilihe tembung sing pantes lan mentes, ndadekake geguritan dadi endah lan aji.

6. Saben sapada geguritan, dumadi saka siji ....
a. tema
b. gagasan
c. gagasan tambahan
d. gagasan pokok

Kunci Jawaban: d. gagasan pokok/utama
Pembahasan:
Pada= bait
Pada mujudake kumpulan larik kang tumata kanthi laras (harmonis). Saben sapada dumadi saka siji gagasan utama sing beda karo pada liyane.

7. Salah sijine cara kanggo mahami geguritan, yaiku kanthi ngowahi wujud teks geguritan dadi wujud teks gancaran (prosa/crita). Pakaryan ngowahi wujud iki diarani ....
a. ngowahi gancaran
b. prosa/crita
c. ngarang gancaran
d. parafrase

Kunci Jawaban: d. parafrase
Pembahasan:
Salah sijine cara kanggo mahami geguritan, yaiku kanthi ngowahi wujud teks geguritan dadi wujud teks gancaran (prosa/crita). Pakaryan ngowahi wujud iki diarani parafrase.

Parafrase katindakake kanthi ngowahi susunan pada (bait) dadi paragraf, nanging tanpa ngowahi isine. Awit basa ing geguritan iku basa sing mentes, mula tembung-tembunge akeh sing diilangi utawa dikurangi. Ukara ing basa padinan, umume jangkep tetembungane. Mula, nalika nggawe parafrase, para siswa bisa nambah tembung ing geguritan supaya dadi ukara sing sampurna lan gampang dingerteni.

8. Wong maca geguritan, sing paling apik yaiku ....
a. kanthi solah bawa lan patrape dhewe-dhewe
b. kanthi nuladha solah bawa lan patrape liyan
c. kanthi tanpa solah bawa lan patrap
d. kanthi solah bawa sing digawe-gawe

Kunci Jawaban: a. kanthi solah bawa lan patrape dhewe-dhewe
Pembahasan:
Wong maca geguritan, sing paling apik yaiku kanthi solah bawa lan patrape dhewe-dhewe. Ora niru solah bawa lan patrape wong liya, awit yen maca kanthi tiru-tiru wong liya bisa katon kaku lan ora wajar.

9. Yen isine geguritan iku sedhih, polatane sing maca kudu ....
a. katon seneng supaya sing ngrungokake melu seneng
b. katon bungah supaya sing ngrungokake melu bungah
c. katon nelangsa supaya sing ngrungokake melu sedhih
d. katon sedhih supaya sing ngrungokake melu seneng

Kunci Jawaban: c. katon nelangsa supaya sing ngrungokake melu sedhih
Pembahasan:
Nalika maca geguritan, solah bawa lan polatan (ekspresi) kudu dislarasake karo jiwane geguritan.
Yen isine geguritan iku sedhih, polatane sing maca kudu katon nelangsa supaya sing ngrungokake melu ngrasakake kasedhihane.
Semono uga yen isine bab semangat polatane sing maca kudu katon teges, mandhes, makantar-kantar, lan merbawani.

10. Tetembungan sing runtut karo tembung ngarepe diarani ....
a. wirama
b. purwakanthi
c. surasa
d. sastra

Kunci Jawaban: b. purwakanthi
Pembahasan:
Uni (swara) kawangun saka purwakanthi lan wirama. Purwakanthi yaiku runtute swara, sastra, utawa tembung kang ana ngarep karo swara, sastra, utawa tembung kang ana mburi. Wirama yaiku endhek-dhuwur, cendhak-dawa, utawa alus-kasare swara sing diucapake. Anane purwakanthi lan wirama ndadekake geguritan penak diwaca lan dirungokake.

Latihan Soal Bahasa Jawa Kelas 4 Bab 1 Guyub Rukun [Piwulang 1 Teks Geguritan]

I. Jodhokna tembung ing kolom sisih kiwa karo tegese ing kolom sisih tengen, kanthi nulis aksara ing papan kang sumadya!


II. Wangsulana kanthi patitis!

1. Wenehana tuladha tumindak sing nuduhake pakerti guyub rukun ing masyarakat sakiwa tengenmu!
2. Aranana strukture (wangunan) geguritan!
3. Apa mupangate tema sajrone karangan?
4. Kepriye patrap sing bener tumrap wong sing maca geguritan?
5. Tulisen sawijine (karangan) teks geguritan kanthi pilihan tema:
a. Guyub Rukun ing Kulawarga.
b. Guyub Rukun ing Sekolah.
c. Guyub Rukun ing Masyarakat.

Demikian postingan Sekolahmuonline yang menyajikan Contoh Soal Pilihan Ganda Bahasa Jawa kelas 4 Bab 1 Guyub Rukun [Teks Geguritan] Lengkap dengan Kunci Jawaban dan Pembahasannya. Semoga bermanfaat. Silakan baca-baca postingan Sekolahmuonline yang lainnya.

Posting Komentar untuk "Soal Pilihan Ganda Bahasa Jawa Kelas 4 Bab 1 Guyub Rukun [Piwulang 1 Teks Geguritan] + Kunci Jawabannya ~ sekolahmuonline.com"

close